Tempo Edisi Khusus Wiji Thukul, 13 - 19 Mei 2013 | Page 70

Reco Ngglandag reco nggladag coba takona bocah-bocah kuwi anake sapa apa kupingmu ora risi krungu cekikikane bocah-bocah kuwi coba takonana omahe ngendi iki wis bengi coba tamatna sopir-sopir becak kae turu angler ora sarungan apa sing dienteni? rejeki? reco nggladag tulung jawilna sutinah sing rambute dawa diklebang loro kuwi mengko esuk arep turu ngendhi? solo, 4.8.87 7 Agustus 1987 isih turu aku digugah adhiku dheweke mbengak: aku klebu sipenmaru! maca koran sing didudahake ”Endi?” adhiku nggregeli drijine nduding jenenge ”Iki lho…….” adhiku bungahe ora karuan (sida dadi mahasiswa!) simbok melu bingung pamer tangga kiwo tengen ”Mbayar pira?” ”Satus telung puluh lima ewu!” simbok ndomblang nyawang isen-isen omahe. sorogenen, solo -24-