Tempo Edisi Khusus Wiji Thukul, 13 - 19 Mei 2013 | Page 69
Ing Telenging Ning
Warung Kopi Yu Yen
Ing telenging ning
katon rupaku
merat
merat
ora memper rupa
naging aku ora pangling
”Mangga mampir mas!”
ngunjuk kopi napa jahe
sekul bothok napa oseng-oseng
nedhine
yen kebelet nguyuh
mang nguyuh ten mburi niku
yen kadhemen
mang kemulan
niki wonten kemul anyar
kemule saged ngentut
jenenge narti!
Ing telenging ning
ora ono apa-apa
mung
luh
lan
dosa
semarang, feb.86
Ing telenging ning
wewadi kang primpen
sumebar
kaya ara-ara
Asih Punk Rock
semarang, feb 86
”Aja takon ngendi omahku mas!”
Bapakku pegatan kawin maneh karo
prawan
Adhiku papet sekolahe berantakan
saben ndina usrek aku ora kerasan
Jalan Magelang
Tengah Wengi
”Aja takon pira umurku mas!”
bakul-bakul genthong
genteyongan mikul dagangan
baris ing petengan
kaya budhak mangkat kerja rodi
Telung taon kepungkur aku kelas
loro smp
Prawanku ilang dimaling lanangan
bakul-bakul genthong
genteyongan munggah-mudhun
saka desa mlebu kutha
golek pasar
”Aja takon iki jam pira mas!
Wengi iki aku kelonana
Ora bakal ana wong nggoleki
(Asu! ning apa kowe ora kandha
yen lagi bulanan Asih?)
Solo, 24.7.87
bakul-bakul genthong
genteyongan
mburu pulukan upa
kartasura, 2.8.87
-23-