Tempo Edisi Khusus Wiji Thukul, 13 - 19 Mei 2013 | Page 71

Geguritan Iki Mung Pengin Kandha geguritan iki mung pengin kandha ing njaba ana wong sambat ngaluara sajake bubar dipulasara swarane ora cetha gremeng-gremeng ing petengan cangkeme pecah awak sekojur abang biru apa kowe ora krungu? coba lirihna omonganmu mbok menawa kowe ngerti apa karepe Aku Dudu Satrya yen kiwa tengen kebak wong dipulasara aku ora arep mungguh gunung tapabrata yen kiwo tengen pating njlerit aku ora arep nyepi ing ringin-ringin wingit aku dudu satrya aku dudu pangeran sing arep munggah nata aku rakyat biasa menungsa cilik sing nduwe tangga geguritan iki mung aweh kabar ing njaba bathang bosok pirangpirang apa irungmu ora mambu Jimat Sekti thok! thok! thok! sing teka aku kana lawangmu ngakna solo, 8.6.87. Protelon dalan iki dadi saksi aku niba-tangi bola-bali dalam iki ngerti menawa aku wis wau wedi keblasuk ora wani bali Asmaradana mabura mabura menyang ngendi aku ora nggondheli mabura mabura tekan ngendhi aku tetep nututi wong lanang kudu menang wong wedhok kudu ngalah wong lanang ngekep jagad wong wedok ra kena mbantah wong lanang kena saba sakdalandalan wong wedok wis mesthine ning ngumah wong lanang bedhigasan ora nggenah wong wedok ora wani obah wong lanang kuwi pancen ngglathak licik lucu lan mamak karepe wong wedok mung dikon mlumah ngglethak yen gregah-gregah arep tangi gage-gage diagar-agari jimat sakti sing jenenge norma adat tradisi Blaka tresnaku merdhika cah ayu! kemarang, feb 86 mbak malima wis tak lakoni sing durung mung ngabekti -25-